Get iNews App with new looks!
Mode Gelap
Advertisement
Aa Text
Share:
Read Next : Bahasa dan Budaya Betawi segera Jadi Pelajaran Wajib di Sekolah Jakarta
Advertisement . Scroll to see content

Contoh Teks Eksposisi Bahasa Jawa dari Berbagai Topik

Rabu, 23 Agustus 2023 - 17:38:00 WIB
Contoh Teks Eksposisi Bahasa Jawa dari Berbagai Topik
Contoh Teks Eksposisi Bahasa Jawa . (Foto: Freepik)
Advertisement . Scroll to see content

Justru wayang wong kudu dipirsani lan dilestariake kanggo budaya asli Indonesia lan tanah Jawa. Sebab iku kita sedaya kudune terus mbudayakake budaya adat lan utaminipu wayang wong sing mbiyen boten subur supaya sakniki saget subur maneh pementasanipun.

4. Jenis Gamelan 

Ing tanah Jawa gamelan yaitu gamelan ageng lan sakabeh piranti gamelan digunakake kanggo nyawisake ganding-gending. Gunane kanggo iringan musik utawa genting ing sawijining pementasan, umpamane wayang becik, wayag lulang, wayang wong, ketoprak, tari-tarian adat lan liya-liyane. Ana rupa-rupa gamelan kang digunakake saben ana acara utawa pementasan.

Gamelan jawa kanggo ngiringi penyajian gending ing jero pementasan karawitan, bisa dipupyran dumadi pirang-pirang repetoar yaiku : soran utawa gending-gending ingkang volume tabuhan sing atos. Kekabeh perangkat gamelan ditabuh kajaba suling, gender, gambang, siter lan rebab. Swaraning gamelan jenis iki dicawisake karo tempo tanggung, seseg lan antal. 

Jenis lirihan, padha karo jenenge, penyajian gending iki luwih lembut utawa alon-alon. Kekabeh instrumen ditabuh, nanging sing luwih diutamakake yaiku gender, gambang, rebab, siter lan suling. Ana dene karawitan lirihan bisa dipupuran meneh saka rizikan sing dikanggoake, antarane yaikut gadon, nyamleng, siteran, genderan, lan liya-liyane.

Ana uga gamelan sing kang digunakake dumadi piranti upacara adat yaiku gamelan ageng. Ana jenise maneh yaiku gamelan sekati lan gamelan nunggang. Gamelan segati sing nduweni Kanjeng Kyayi Gunturmadu lan Kanjeng Kyai Guntursari. Biyasane ditabuh ing jero perayaan uatawa acara sekaten yaiku dianakake pas tanggal 5 Mulud nganti 12 Mulud kanggi ngelingi weton lan wafatipun Nabi Muhammad SAW. 

Follow WhatsApp Channel iNews untuk update berita terbaru setiap hari! Follow

Related News

 
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut