Contoh Teks Eksposisi Bahasa Jawa dari Berbagai Topik
Kahanan lingkungan alam saiki saya tambah parah, nanging apa kita mung arep lungguhan? Kita kudu nduweni peran aktif kanggo njaga alam.
Akeh tumindak sing bisa ditindakake wiwit saka awake dhewe. Uga mulangake tumindak sing becik marang bocah-bocah supaya bisa nresnani lingkungan wiwit cilik. Mesthi, kita bakal seneng nglestarekake alam sing wis kita lindungi wiwit saiki. Ing tembe anak-putu kita uga bisa ngrasakake kaendahan alam lan nyingkiri macem-macem bencana alam.
Wayang uwong utawa wayang wong menika salah satunggalipun jenis pementasan tradisonal ing Jawa. Wanag wong menika gabungan saking seni drama ingkang ngerembaka ing negeri Eropa kaliyan seni pengelaran wayang ingkang ngerembaka ing tanah Jawa utawa pulo Jawa.
Utaminipun wayang wong ngerembaka ing kraton kanggo hiburan golongan priyayi utawa bangsawan. Wong kang mainake wayang wong uga ngagem pakaian ingkang sami kaliyan hiasan-hiasan ingkang diagem wayang kulit.
Miturut penuturan lan data saking dinas pariwisata Kotamadya Dati II Surakarta, wayang wong ana utawa lair ing abad XVIII. Diciptaken menika Mangkunegara I ingkang kadosipun dipunilhami saking seni drama saking negeri kilen utawa Eropa.