Hadirin, jaminan surga, Jannah kangge umat Islam meniko pasti. Kulo pitados, sedoyo ingkang rawuh wekdal menika tansah ngentosi wekdal saget mlebet wonten swarga.
Naming, mboten saget menawi naming nenggo tanpa berikhtiar, berusaha, beribadah dumateng Allah SWT.
Hadirin,
Menawi panjenengan lewat wonten pasarean, kathah priyayi ingkang sampun ngrumiyini kondur dumateng Allah. Sejatosipun menawi dipun paringi pilihan kangge wangsul wonten dunyo, piyambakipun sanget sanget kersa. Amargi kangge nopo?
Kangge beribadah, menambah bekal supados saged mulyo wonten ing akhirat. Nah, hadirin sedoyo. Kata tasih gadah wekdal. Mangga kita isi, kita manfaaten kanthi sae, ngleksanakake amal kebaikan lan tansah tunduk dumateng aturanipun Allah SWT.
Hadirin, sejatosipun menambah amal jariyah menika gampil. Kathah amalan ingkang saged dipun laksanaken tanpa kedah ngangge arta. Berbakti dumateng tiyang sepuh, kerso biyantu sesame, sholat tepat waktu saha nambahi maos Al Quran.