Wabillahi taufik wal hidayah, wassalamualaikum wr wb.
Assalamualaikum Wr. Wb.
Ingkang kinurmatan Bapak Camat (..........)
Kawulo hormati Kyai lan Ustadz ing Desa (.......)
Ingkang kinurmatan Bapak saha Ibu Karyawan Kantor Desa (........)
Sing dadi kebanggaan masyarakat Desa (......)
Ing enjing ingkang cerah punika sumangga kita tansah ndedonga lan muji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT, awit saking rahmat, rahmat, saha hidayahipun kita sedaya taksih pinaringan kesempatan makempal wonten mriki saperlu pengetan Isra’ Mi’raj nabi Muhammad SAW ing sekolah kita. .tanpa alangan.
Sholawat saha salam mugi katur dhumateng kanjeng nabi agung Muhammad SAW ingkang tansah kita tampi syafa’atipun benjang wonten ing yaumul qiyamah. Amin.
Para rawuh ingkang kinurmatan,
Ing kalodhangan punika keparenga kula ngaturaken pidato babagan Isra' Mi'raj.
Minangka wong Islam, kita kabeh ngerti apa iku Isra Miraj. Isra Miraj mujudake prastawa kang endah banget kang dialami dening Nabi Muhammad.
Perjalanan suci saka Masjid Al Kharom tumuju masjid Al Aqsa Plestina diterusake tumuju langit dikancani Malaikat Jibril nitih kendaraan Burok. Perjalanan super khusus iki ora bisa ditampa kanthi alesan, nanging kita kudu ngetrapake iman kanggo percaya, amarga kenapa? Yen Allah kersa, kabeh bisa.