Ing kesempatan menika, kita sami badhe angsal kathah sanget kawruh bab peristiwa Isra Miraj. Mugi-mugi menapa ingkang kita keparingan dinten menika wonten acara pengetan Isra Miraj kuwawi nambah raos tresna kita dhateng Nabi Muhammad SAW.
Mekaten ingkang keparing kita aturaken, mugi-mugi manfaat. Matur nuwun.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
2. Contoh Pidato Isra Mi'raj
Bismillahirrahmanirrahim,
Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Ingkang kulo hormati bapak saha ibu guru sedoyo. Rencang-rencang ingkang kulo sayangi. Sepindah mangga kita tansah ngaturaken puji syukur dumateng Allah ingkang tasih maringi pinten-pinten keberkahan.
Ingkang angka kalih, shalawat saha salam mugi tansah konjuk dumateng Nabi Muhammad SAW ingkang syafaatipun kita tengga wanten yaumil akhir mangke.
Hadirin sedoyo. Wekdal menika umat Islam nembe mengeti peringatan hari akbar, Isra Miraj. Mugi pengetan punika nambah iman saha taqwa dumateng Allah SWT, ndadosaken kita sedaya umat ingkang pikantuk kamulyan.
Sebagai umat Islam tugas kita naming selalu takwa, ngelaksanaake perintah Allah saha nebihi napa ingkang dipun larang dening Allah.