Kula ngaturaken matur nuwun saageng-agengipun kagem bapak-ibu guru ingkang sampun mbulawantah kula saha rencang-rencang dateng pawiyatan mriki menika ingkang dangunipun tigang warsa.
Mboten keraos kula nglampahi ngangsu kawruh wonten ing pawitan mriki. Wonten ing adicara perpisahan menika, kula nyuwun agengipun pangapunten sangking bapak/ibu guru wonten ing tigang warsa ngangsu kawruh wonten mriki menawi gadhah kalepatan. Mugi-mugi bapak/ibu guru kersa ngapuntenaken sedaya kalepatan kula.
Sampun cekap anggenipun kula matur, menawi wonten kalepatan, kula nyuwun agengipun pangapunten. Matur nuwun.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
Assalamu'alaikum wr. wb
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah ugi Bapak - Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi lan rencang - rencang kelas 9 ingkang kula tresnani.
Monggo kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha Agung ingkang sampun maringaken sedoyo nikmat lan kewarasan dumateng kito sedoyo dumugi sakmeniko kito sedaya saged kempal wonten ing adicara perpisahan sak manika.