Dikuwatirke yen udan deras bali mudhun, kali Cisarua bisa ngalami banjir gede meneh. Lan kanggo antisipasi hal kesebut, minimal kudu ana realisasi panangen TPT neng sadawa bantaran kali Cisarua.
Kacilakan pesawat tempur dumadi maneh. Mentas iki (Kemis (16/4) pesawat jinis F-16 C/D 151D gaweyan taun 1980 utawa 35 taun kepungkur kobong ing Lapangan Udara Halim Perdana Kusuma, Jakarta Timur. Pesawat asil hibah Amerika sing teka ing Indonesia dhek September 2014 kasebut dipesthekake gagal mabur jalaran anane pletikan geni saka mesin pesawat.
Nyumurupi bab kasebut pilot pesawat tempur F-16 Letkol Pnb Firman Dwi Cahyono enggal tumindak nalikane ana warning light (lampu peringatan) dumadakan murub, nalikane pesawat arep mabur.
Ngerti ana tandha-tandha rusake pesawat, Firman Dwi Cahyono langsung muter pesawate 180 derajat engga manuk wesi kuwi kobong. Kepala Staf Angkatan Udara, Marsekal TNI Agus Supriatna nerangake, F-16 iku pancen nuduhake kurang berese marang mesine malika lampu peringatane murub.
Lampu warning iku nuduhake anane kurusakan marang sistem hidrolik lan kelistrikan. “Nalika rolling menyang pit off, penerbang weruh ana malfunction, warning light murub. Iku bakal dieloni tandha-tandha liyane. Penerbang weruh ana tandha-tandha loro sing murub, hidrolik lan elektrik,” ujare Agus ing Mabes AU, Kompleks Mabes TNI Cilangkap.