Get iNews App with new looks!
Mode Gelap
Advertisement
Aa Text
Share:
Read Next : Jadwal Imsakiyah Kota Jambi Hari Ini 21 Februari, Lengkap Niat Puasa dan Waktu Salat
Advertisement . Scroll to see content

Khutbah Jumat Bahasa Jawa Akhir Ramadhan, Bisa Jadi Referensi!

Rabu, 26 Maret 2025 - 19:46:00 WIB
Khutbah Jumat Bahasa Jawa Akhir Ramadhan, Bisa Jadi Referensi!
Khutbah Jumat Bahasa Jawa akhir Ramadhan (Foto : Istimewa)
Advertisement . Scroll to see content

يارسول الله لووفقت ليلة القدر فما اقول

Artosipun: “Duh Rasulullah, sak umpami kulo manggihi lailatul qadar, doa punopo ingkang kedah kawula waos?.”    

Lajeng Rasulullah paring dawuh:    

قولي اللهمّ إنّك عفوٌّ كريم تحبّ العفو فاعف عنّي

Artosipun: “Sliramu mocoho : “Allahumma innaka ‘afuwwun karim tuhibbul afwa fa’fu ‘anni (Duh Gusti Allah sakestu Paduko Dzat ingkang Moho Paring Pangapunten tur Moho Loman, Paduko tresno dateng pangapunten, mugi ngapunteno dateng kawulo).”    

Kaum Muslimin rahimakumullah Imam Ar Razi ing Kitab Tafsir Mafatihul Ghaib utawi ingkang kawentar sinebat Tafsir Al Kabir, nyariyosaken pengundangipun Malaikat Jibril ingkang kirang langkung artosipun mekaten:   

 ’’Bilih yektosipun ing lailatul qadar puniko Gusti Allah mirsani dateng sedoyo Muslimin, kanti paring rahmat soho ampunan dateng doso lepatipun tiyang-tiyang mukmin kejawi sekawan golongan. 

Inggih puniko, wong kang nduwe kesenengan ngombe arak, utowo minuman kang mendemi; wong kang wani marang wong tuwo lorone; wong kang medot taline paseduluran; lan wong kang ngenengke sedulur Islam, ora gelem ngajak utowo diajak guneman luwih telung ndina.’’    

Follow WhatsApp Channel iNews untuk update berita terbaru setiap hari! Follow

Related News

 
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut