Contoh Teks Sesorah Bahasa Jawa Singkat dari Beragam Tema
Golek ilmu iku senajan ing negeri cina. Samen terne golek ilmu menika lampu di wajibno ingatasi saben-saben umat islam. Lan sak meter malaikat bakal merendah sayap kagem para umat ingkang golek ilmu sebab arti marang penggawean iku.
Poro hadirin ingkang kinurmatan. Lan kelawan ngengeti dinten pendidikan nasional punika, monggo kito sedaya kula lan panjenengan ningkataken malih anggenipun kito pados ilmu. Nopo niku arupi ilmu agami utawi ilmu pengetahuan. Ilmu ingkang wonten hubunganipun kaliyan gesang ing dunyo kemawon lan wonten ilmu ingkang kaliyan akhirat.
Cukup sementen ingkang saged kula aturaken, bokbilih wonten kalepatan kula nyuwun agungeng pangapura.
Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarokatuh.
3. Teks Sesorah Bahasa Jawa Tentang Peringatan Hari Kartini
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Ingkang kawulo hormati Bapak Kepala SMP Budi Luhur
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu SMP Budi Luhur
Ingkang kula tresnani rencang-rencang SMP Budi Luhur
Saderengipun kula ngaturaken sesorah kagem mengeti Dinten Kartini, sumangga kita sesarengan muji syukur ing pangarsanipun Gusti ingkang Akarya Jagad, Allah Swt., awit sih nugraha ingkang kaparengaken dhumateng kita sedaya, saengga ing papan menika kita sedaya saged sesarengan makempal kanthi raharja mboten kirang satunggal menapa.