Get iNews App with new looks!
Mode Gelap
Advertisement
Aa Text
Share:
Read Next : Diisukan Mundur dari Menkeu, Ini Kata Purbaya
Advertisement . Scroll to see content

9 Contoh Teks Pranatacara Bahasa Jawa Berbagai Acara

Rabu, 25 Oktober 2023 - 22:45:00 WIB
9 Contoh Teks Pranatacara Bahasa Jawa Berbagai Acara
Contoh Teks Pranatacara Bahasa Jawa  (Foto: Freepik)
Advertisement . Scroll to see content

Sepindah, sumangga kita sedaya ngaturaken puji  lan syukur dumateng Allah SWT. Ingkang paring rahmat kawilujengan jasmani lan rohani saengga kita sedaya saget makempal manunggal wonten ing ndalem acara Halal bi Halal ing wulan syawal.Kanthi tasih suwasana riyaya menika.

Sholawat ugi salam tansah atur katunjuk dumateng junjungan kita, Kanjeng Nabi Muhammad SAW, ingkang mugia kita dipun paring syafaat wonten ing Yaumul Kiyamah mangkeh, amin allahumma.. amiin.

Salajengipun,anggenipun kula ngadek wonten mriki kawula katitah dados pranatacara wonten ing acara halal bihalaI menika..Pramila kawula nyuwun wekdal badhe ngaturaken lumampahipun acara ing ndalem wekdal menika.

-Acara ingkang sepindah, inggih punika waosan surat al-fatihah sesarengan.
-Acara ingkang kaping kalih,inggih punika sambutan saking Bapak Kepala Desa.
-Acara kaping tiga inggih puniko waosan dedunga.
-Acara ingkang pungkasan inggih punika  salim salaman,

Menika sampun kawula sampeaken lumampahipun acara ing ndalem wekdal punika, ingkang mboten perlu anggenipun kula matur katah wicantenan. Pramila monggo kita wiwiti acara ing ndalem (enjing/siyang/sonten) menika kanti waosan surat Al-Fatihah, mugi-mugi acara mulai awal ngantos akhir saget lumampah kanti lancar gancar mboten wonten aral punopo.
Al-Fatihah……

Follow WhatsApp Channel iNews untuk update berita terbaru setiap hari! Follow
 
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut