6 Contoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa, Lengkap dengan Berbagai Tema
Ing pucuke gunung Bromo katon kawah sing ajeg nyemburake geni lan kukus, nduweni dhiameter kurang luwih 800 meter yen diukur saka arah lor nganti sisih kidul, lan kurang luwih 600 meter saka arah wetan nganti pinggire kawah sisih kulon. Ana papan sing dianggep mbebayani tumrape pangunjung, yaiku papan radhius 4 kilometer saka kawah.
Obyek wisata Gunung Bromo klebu wewengkon Taman Nasional Bromo Tengger Semeru. Tumuju menyang Gunung Bromo sing paling kepenak kawiwitan saka Penanjakan. Ing Penanjakan para wisatawan bisa ndeleng sunrise utawa prastawa mletheke srengenge sing sesawangane endah lan nengsemake.
Sabanjure bisa nerusake laku menyang kawahe gunung, bisa mlaku bisa uga nyewa jaran utawa jeep supaya ora kesel. Nalika ngliwati segara wedhi bisa ndeleng bangunan papan ibadahe suku Tengger sing nggilut agama Hindu. Bangunan kasebut diarani Pura Luhur Poten
Demikian ulasan mengenai contoh teks deskripsi Bahasa Jawa. Semoga bermanfaat!
Editor: Komaruddin Bagja