Kajawi dhateng sekolahan, pendhidhikan ugi kedah saged ditindakaken dhateng lingkungan masyarakat. Salajengipun Ki Hajar Dewantara ugi nate matur menawi ing alam menika kalenggahanipun murid sarta guru menika sami.
Guru saged sinau dhateng murid, semanten ugi murid ugi kedah sinau dhumateng guru. Kahanan kados mekaten bakal ndadosaken sedaya pihak bakal ngupaya supados dados langkung becik saben dintenipun. Ing perangan sanes, Ki Hajar Dewantara ugi ngemutaken menawi ing jagading pamulangan sedaya pihak saged nindakaken among, asih, sarta asah.
Ingkang tegesipun ngajab amrih saged momong, saged andum asih, sarta saged ngasah kabisanipun siswa supados dados langkung sae tinimbang dinten wingi.
Bapak lan ibu sedaya, kanthi ngeling-eling pesenipun Ki Hajar Dewantara mugya saged ndadosaken kita tiyang ingkang sae. Cekap semanten rumiyin atur kula. Menawi wonten kirang langkungipun. Kula nyuwun agunging pangaksami.
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
7. Pidato Bahasa Jawa tentang Kebersihan Lingkungan
Assalamualaikum warrahmatullahi wabarakatuh
Dhumateng Bapak Kepala Sekolah
Dhumateng Bapak lan Ibu guru
Lan dhumateng rencang sedaya ingkang kulo tresnani
Hadirin ingkang kulo tresnani
Monggo kita sesarengan njunjungake puja lan puji syukur marang Gusti Allah Swt. amargi sampun maringi berkah lan karunia.Saengga kita sedaya saged makempal sesarengan kanti sehat wal afiat.