Contoh Khutbah Jumat Bulan Safar Bahasa Jawa Singkat
Kawitanipun alam akhirot inggih puniko alam kubur ingkang sanget dadosaken ajreh. Menawi kito saget selamet saking siksonipun, mongko kito bakal selamet wonten saksampunipun alam kubur. Lan sakwangsulipun, menawi kito mboten selamet saking siksonipun, mongko lumampah ingkang saksampunipun bakal langkung awrat.
Rosululloh Saw dawuh:
إِنَّ الْقَبْرَ أَوَّلُ مَنَازِلِ الْآخِرَةِ فَإِنْ نَجَا مِنْهُ فَمَا بَعْدَهُ أَيْسَرُ مِنْهُ وَإِنْ لَمْ يَنْجُ مِنْهُ فَمَا بَعْدَهُ أَشَدُّ مِنْهُ
Artosipun: “Saktemene kubur iku dadi kawitane akhirot. Lamun selamet saking sikso kubur, mongko perkoro sakwuse luwih gampang tinimbang alam kubur. Lan lamun ora selamet saking sikso kubur, mongko perkoro sakmarine bakal luwih abot tinimbang alam kubur.” (H.R. At-Turmudzi)
Hadirin rohimakumulloh
Lajeng saksampunipun alam kubur, wonten dinten ingkang langkung dahsyat maleh, inggih puniko naliko poro Malaikat ngajak marang perkawis ingkang awrat, inggih puniko tangi saking kubur. Sedoyo peningalipun poro makluk bakal dingkluk, sedoyo makhluk puniko bakal medhal saking liang lahat kados walang ingkang sami miber.
Wonten dinten meniko tiyang-tiyang kafir bakal ngucap, “Iki dino kang angel.” Wondene panggenanipun tiyang engkang ngelampai duso inggih puniko Neroko Saqor. Gusti Alloh Swt sampun dawuh wonten Alquran: