Nanging saleresipun, inti saking peristiwa Isra Miraj inggih punika dhawuh salat. Salat inggih punika ibadah ingkang spesial sanget, amargi sanget-sanget spesialipun mila Allah SWT ngengken langsung kaliyan Rasulullah SAW kagem sanjangakenipun dhateng umatipun .
Kathah sanget saking kita ingkang mungkin taksih kesupen kaliyan salat berjamaahipun, wonten ingkang sanget-sanget sibuk kalih pendamelanipun utawi mungkin wonten ingkang sengaja estu kajeng nilaraken salat. Lajeng, kados pundi supados kita tertib lebet ibadah salat?
Pisanan, kula lan panjenengan dandosaken ibadah salat wajib, lajeng kita sinau kangge ngulintenaken dhiri kita nglampahaken salat-salat sunnah. Insya allah, bilih sedaya puniku, kita tindakaken kaliyan niat murni, mila kita kulinten kaliyan piyambakipun kangge langkung tertib wonten lebet rangkean ibadah salat kita.
Ing kesempatan menika, kita sami badhe angsal kathah sanget kawruh bab peristiwa Isra Miraj. Mugi-mugi menapa ingkang kita keparingan dinten menika wonten acara pengetan Isra Miraj kuwawi nambah raos tresna kita dhateng Nabi Muhammad SAW.
Mekaten ingkang keparing kita aturaken, mugi-mugi manfaat. Matur nuwun.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
4. Contoh Pidato Bulan Rajab
Bismillahirrahmanirrahim,
Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Ingkang kulo hormati bapak saha ibu guru sedoyo. Rencang-rencang ingkang kulo sayangi. Sepindah mangga kita tansah ngaturaken puji syukur dumateng Allah ingkang tasih maringi pinten-pinten keberkahan.