Amergi kamulyanipun Wulan Ramadhan ingkang kadunungan lailatul qadar, ingkang mulyanipun nglangkungi sewu wulan. Kados dawuhipun Allah:
لَيْلَةُ الْقَدْرِ خَيْرٌ مِّنْ أَلْفِ شَهْرٍ
Artosipun: “Lailatul qadar iku luwih becik ketimbang sewu wulan.” (QS Al Qadar: 3)
Kanjeng Nabi naliko sampun dumugi akhiripun Ramadhan panjenenganipun cancut taliwondo gumbregah dalu adang-adang lailatul qadar, kanti njungkung ibadah, lan nggugahi sedoyo keluargo supados sami tumandang ibadah.
Kados hadits ingkang dipun riwayataken Siti Aisyah ra ingkang artosipun kirang langkung mekaten: “Kanjeng Nabi Muhammad sallallahu ‘alaihi wa sallam puniko naliko sampun manjing sedoso dinten ingkang akhir saking Wulan Ramadhan, panjenenganipun nggegesang dalu, lan nggugahi sedoyo keluarganipun lan ugi nyancutaken nyamping/agemanipun.” (HR Bukhari dan Muslim)
Kaum Muslimin ingkang minulyo Siti Aisyah nate matur nyuwun pirso dateng Kanjeng Nabi kanti aturipun mekaten: