Cukup sementen ingkang saged kula aturaken, bokbilih wonten kalepatan kula nyuwun agunging pangapura.
Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarokatu.
Kula kinten cekap semanten atur kula. Menawi wonten kirange anggen kula matur. Gusti Allah ingkang bakal njangkepi. Saderenge kula pungkasi, kula badhe nyuwun aguning (agunging) pangaksami saking sedaya kalepatan kula.
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Ginunturan sih wilasaning Gusti ingkang Akarya Jagad, jinurung idi pangestu saking sanghyaning para tamu, adicara dinten punika saged lulus widada kalising rubeda.
Ingkang hamengku gati ngaturaken panuwun dhumateng para rawuh ingkang kasdu hangestreni ngiras pantes paring pangestu dhumateng penganten sarimbit ngantos paripurnaning pahargyan.
Datan katalumpen awit saking sih kadarman panjenengan ingkang wujud punapa kemawon, aguh pratikel, bau suku, arta lan redana ingkang satuhu damel pangentheng-entheng dhumateng ingkang hamengku gati.