Sial utawi begja meniko kelanjutan saking proses lan tahap kasebat, sanes ing mitos-mitos khayal ingkang mboten masuk akal. Supados kito bebas saking penyakit, manungsa dipun perintah supados gesang resik lan ngendhani pengidap penyakit menular.
Supados selamet saking bangkrut, pedagang disaranaken ndamel perhitungan ingkang teliti lan atos-atos. Supados lulus ujian, pelajar kedah sinau kaliyan saestu. lan sapiturutipun.
Nolak wontenipun “sasi sial” lan “sasi begja” nakal ngateraken kito dados pribadi ingkang wajar.
Mboten males ikhtiar amargi rumaos saben dintenipun mesthi kebak kabegjan. Ugi mboten was-was amargi dihantui dinten-dinten kebak sial.
Minongko kawulo, manungsa didorong kangge berencana, berjuang, lan ndongo; sawentawis ketentuan kasil punpasrahaken dhateng Allah. Kelawan mekaten, wanci panen kasil, kito tetep bersyukur; lan kala ngalami gagal, kito mboten lajeng putus asa.
bonndong-bondong medal mengosongkan daerahipun, baik kangge perang utawi dados musafir.
Kemudaratan lan kesialan saget ndhawahi kito kapan mawon, mboten kedah ing wulan-wulan tertamtu. Saking ngrikilah kito dipunajeng-ajeng kangge tansah njagi dhiri, nglampahaken usaha-usaha pencegahan, termasuk dongo nyuwun perlindungan dhateng Allah saben dinten. Donga ingkang saged dipunwaos inggih meniko: