Hadirin,
Menawi panjenengan lewat wonten pasarean, kathah priyayi ingkang sampun ngrumiyini kondur dumateng Allah. Sejatosipun menawi dipun paringi pilihan kangge wangsul wonten dunyo, piyambakipun sanget sanget kersa. Amargi kangge nopo?
Kangge beribadah, menambah bekal supados saged mulyo wonten ing akhirat. Nah, hadirin sedoyo. Kata tasih gadah wekdal. Mangga kita isi, kita manfaaten kanthi sae, ngleksanakake amal kebaikan lan tansah tunduk dumateng aturanipun Allah SWT.
Hadirin, sejatosipun menambah amal jariyah menika gampil. Kathah amalan ingkang saged dipun laksanaken tanpa kedah ngangge arta. Berbakti dumateng tiyang sepuh, kerso biyantu sesame, sholat tepat waktu saha nambahi maos Al Quran.
Sedaya gratis lan pahalaning luar biasa kathah saha berkah. Insyaallah kita saling ngelingaken supados tetep dados umat Islam ingkang beruntung fid dunya wal akhirat.
Matur nuwun, menawi wonten kalepatan kula nyuwun ngapunten, Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.